Jumat, 15 Agustus 2025

Babad Banyuurip- Suwita Pawira

* Titihane Pangran Jayakusumeki, jamus ulesira, ngagem wangkingan mantesi, klabed ijem pan sembada.
* Nama Kyai Panubiru pan respati, lawan anyuriga, Kyai Dhalangkuru apik, dhapur wedhung pasowanan.
* Tan kawarna neng marga Rahaden Mantri, prapta aneng paran, ing tanah Bagelen prapti, ningali Rahaden Putra.

* Lon ngandika Pangran dhateng kehing jalmi, heh mupakatena, desa iki sun wastani, anamaa Toyagesang.
* Saur manuk wong desa pan ageng alit, dhusun wus mupakat, wus karan desa Banyuurip, kang rayi Sang Dyah winarna.
* Saur manuk wong desa pan ageng alit, dhusun wus mupakat, wus aran desa Banyuurip, umum wong desa sadaya.

* Kang pilenggah aneng dhepok ing Parigi, wus kasub ing kathah, jujuluk Pangran Banyurip, kang rayi Sandyah winarna.
* Marengi malem Jumuwah, Jeng Pangran lenggah Parigi, pitekur ngaler adepnya, ningali padhanging langit, cumlorot kadya thathit, ngaler ngilen pan sumunu, wau Kangjeng Pangeran, ngandika sajroning galih, sun wetara pulunge wong mara tapa.

* Enjing surya duk kumrangsang, Jeng Pangran sigra lumaris, teken jungkat lir pandhita, ngaler ngilen lampahneki, tan dangu sampun prapti, dhusun Condhong wus kadulu, jalma asila tumpang, ngadhep reseg ingsi peksi, puyuh walik nekem telik ngasta walang.
* Jeng pangran prapta ngarsanya, panggonane jalma luwih, jumeneng sarwi ngandika, heh jebeng sun takon yekti, sira anyandhing peksi, apa asring sira edu, Ki Menguyu turira, dereng nate kula cobi, nanging sampun lami ge kula gadhah.

* Jebeng payo sukan- sukan, ingsun duwe puyuh sisji, si Kebrok namaning gemak, iya saking Majapahit, payo sun du benjing, Ki Manguyu lon umatur, inggih dhateng sumangga, Jeng Pangran ngandika aris, pira tohe lamun tarung gemakira.
* Ki Manguyu lon turira, kawula tan darbe picis, anjawi gulu kawula, kawula ge toh ing benjing, Jeng Pangran anauri, iya ingsun toh sadulur, ariningsun.

* Ucape wong kathah- kathah, upama lir nyupatani, yen mangke ing ngakir benjang, ywa kena dhaup suteki, wong Ganggeng lan Banyurip, samya tibaken pamuwus, yen wong Ganggeng raharja, rusak turune Banyurip, lamun arja Banyurip wong Ganggeng rusak.
* Wus misuwur wartanira, Ki Manguyu ing Banyurip pitekur neng tepi toya, pan wus miarsa pawarti, lamun mekrad Sang Pekik, dhuwung kantun prenahipun, sigra denya utusan, Ki Panu kinen ingambil, tan kawarna duta wus prapta ing prenah.

* Ki Panu lawan sarungan, sumeleh aneng ing siti, sawetane Ganggeng desa, neng ra- ara gya ingambil, binekta mantuk mring Banyurip, wus katur mring Ki Manguyu, meksih nganti kewala, pitekur tepining Beji, gya binekta mantuk mring wismanira.
* Lan arsa suka uninga, mring garwa Sang Raja Putri, lumampah sarwi karuna, Panubiru sinangkelit, cinothe aneng ngarsi, wus panggih lan garwanipun, nuju neng ngingsor wreksa, Sang Retna kagyat ningali, ingkang raka praptanya sarwi karuna.

* Dhaweg Kyai andika tawu kang sumur, kularsa wruh sating warih, kaya ngapa jroning sumur, Ki Manguyu anauri, ngandhap wonten sela katon.
* Sang Retnayu angudi yun wruh satipun, Ki Manguyu sigra manjing, cawetan gya nyandhak wakul, kinarya ambingkas warih, niring ranu sela katon.

* Poma samya ngambila banyuning sumur, Tinatah namaning belik, kasawaban gambar iku, Candrakirana lan Panji, lamun jabang bayi miyos.
* Lah ta Kyai dhaweg nuli sami mantuk, mring wisma dhepok Parigi, tan cinatur Ki Manguyu laminya, yata Sang Putri, denya bobot nulya miyos.

* Mbabar estri endah warna cahya mancur, wong kering kanane keh prapti, miarsa yen Ki Manguyu, kang garwa darbe putrestri, kathah wong kang sung pon- empon.
* Krajanipun, Kembaran namaning dhusun, kawarna wus krama, kang padmi kelawan selir, selir dhingin asuta jalu satunggal.

* Sampun sirna kang putra gumanti, munggweng wisma Argapura, kang raka rosa tatanen, pandapa jejel lumbung, wadhah dhele myang ketan wilis, sirnane ingkang rama, sepuh tekadipun, Ni Rara Wetan anama, Nyai Bagelen kang raka teka nuruti, karyane nenun sinjang.
* Lami- lami pan sampun sisiwi, Nyi Bagelen tiga putranira, jalu ingkang sepuh dhewe, estri kalih rinipun, putra jalu ingkang kawarni, Bagus Gentho namanya, putrestri winuwus, Rara Taker Rara Pitrah, putra kalih meksih sami alit- alit, pan kadya rare kembar.

* Jumeneng neng Purwareja, anama Radyan Dipati, Bupati Cakranagara, arinya malih pawestri, krama Tlepok wismeki, namanira sampun sinung, Secawikrama rinya, jalu dadya wedana ring, Jenar Ngrawong Tumenggung Wiranegara.


Serat punika kaperang dados sekawan perangan.
1. Perangan siji ngewrat sarasilah Cakranagara saking galur Banyuurip, kawiwitan saking Panji Asmara Bangun ing karaton Jenggala peputra Raden Laleyan ngantos Cakranagara saking trah ibu.
2. Perangan Loro ngewrat sarasilah Cakranagara saking galur Lowano, kawiwitan saking Ki Buyut Singgela peputra Adipati Anden Lowano ngantos Cakranagara saking trah ibu.

3. Perangan Telu ngewrat sarasilah Cakranagara saking galur Bagelen, kawiwitan saking Nabi Adam peputra Nabi Sis ngantos Cakranagara saking trah rama.
4. Dene Perangan Papat ngewrat maneka warna carita ingkang dumados rikala mangsa karaton Mataram, lan sanes- sanesipun.


Kaserat dening Suwita Pawira
Kalatinaken dening Witoyo.
Cetakan pertama, Juli 2024
viii+ 130 halaman
CV. Win Media

Pawira, Suwita, 1932. Babad Banyuurip, Purworejo: tulisan tangan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar